contoh cerkak bahasa jawa
Karya : Fika Nur Azizah
DINA PALING SIAL ING URIPE YUYUN
Jono tresna karo kanca ana ing
sekolahanne. Ora gumun yen Jono isoh tresna karo sopo wae. Yen umpama wedhus
dipupuri lan didandani, isoh-isoh wedhuse kuwi mau di tresnani karo Jono.
Nanging
saiki, katane Jono tresna tenan karo koncone ana ing sekolahanne kuwi mau. Ora
mung gawe-gawe utawa dienggo dolanan kaya ndisi-ndisike. Tresnane kuwi mau uwis
kekubur suwe ana ing jero atine. Seko pisanan deweke mlebu ana ing SMA Merah
Putih. Lan wanita sing ketiban sial utawi malapetaka ingkang ditresnani karo
Jono udu sak liyane yaiku Yuyun, konco sakelasse Andi.
Yuyun.
Saktenane jeneng asline yaiku Yunita, nanging konco-koncone ket mbiyen nyeluk
dewekke Yuyun. Yuyun nduweni ciri-ciri yaiku rupane kulite kaya kunyit,
kuning-kuning rada coklat. Lan Yuyun kuwi mau nduweni kebiasaan utawi
kesenengan yaiku nganggo mojah sing dienggo dolanan bal-balan. Nek
disawang-sawang kuwi pancen lucu, nanging Jono uwis tresna banget karo Yuyun.
“kayane
wes ana tanda-tanda iki ndi.” Unine Jono karo Andi kanthi semangat banget.
“Tanda-tanda
apa Jon? Tanda-tanda kowe bakalan ditolak karo Yuyun po?”
Jono
mecucu nganti kaya iwak cucut lantaran mangkel karo Andi. Andi namung
ndelik-ndelikake guyune karo etok-etok nyruput teh anget. Murid-murid liyane
pada mlaku ana ing kantin, senajan saiki wes wancine istirahat.
“piye
ya ndi, carane nyeraki sakteruse? Sajanan angel tenan, nek arep kerep-kerep
mampir dolan ana neng omahe, aku yo ra kepenak karo keluargane Yuyun. Mung
rewange wae sek kayane setuju karo aku.”
“Ya
uwis nek mengkono, kowe yang-yangan karo rewange Yuyun wae Jon?” wangsulane
Andi karo guyu
Jono
kaya mau meneh, mecucu nganti kaya iwak cucut.
“ealah,
mbokyo serius Ndi nek ditakoni ki. Aku ki butuh saran seko kowe, piye carane
supaya bisa yang-yangan nanging ora ngetokke duwit akeh? Soale dina-dina iki
duwitku lagi cekak.”
“di
jak mlaku-mlaku ana ing museum wae Jon. Murah lan sepi.”
Jono
mangkel nganti koyo neng sirahe eneng banyu kang wes umep. Jono metu ana ing
kantin. Kuwi kebiasaane Jono yen lagi mangkel utawa nesu. Andi lan Doni mung
cekikikan karo ndamoni soto sing panas. Jono sing rupane mangkel mau, etok-etok
cuek.
Sawise
guyu cekikikan, Doni ngeleh lan banjur pesen tahu goreng karo sega setengah.
Seng dimaksud yaiku setengah bakul. Sanajan maem.me Doni akeh. Ana ing cerak
lodong krupuk, sakgerombolan murid-murid pada kemruyuk. Kayane ing tembok kuwi
mau ana pengumuman kang anyar. Doni lan Andi banjur melu mlebu ana ing
kruyuk-kruyukan sing mambu kringete werna-werna seko murid-murid kuwi mau.
Pengumuman
kang anyar kuwi mau jebulna rencana murid-murid arep study tour ana ing Kebun
Raya Bogor.
Kesempatan
emas kuwi mau jelas ora disia-siake karo Jono. Sanajan kelas Yuyun ya melu.
Kang ana ing dalan, aksine gerak ing cepet-cepet arehp nyeraki yuyun.
Syukur-syukur isoh sak kursi karo Yuyun.
Dina
iku wes ketok, yaiku dina murid-murid SMA Merah Putih menyang Study tour ana
ing Kebun Raya Bogor. Jono dandan sak apik-apike. Rambute diwenehi lenga supaya
menceling, jenggote dicukur, lan ora lali jungkat abang ana ing sak kathok
mburi dienggo jaga-jaga umpana ana angin nakal sek ngerusak rambute. Malahan
ana ing ngomah, Jono nekat nganggo lenga klentik sek dienggo goreng, amarga
nggoleki lenga khusus dienggo rambut ara ketemu-ketemu.
Andi
lan Doni ora keri, malahan uwis tenguk ana ing kursi bis ngarep dewe supaya
weruh pemandangan ana ing dalan. Murid-murid pancen seneng banget yen ana acara
piknik. Andi karo Doni namung meneng wae, ora nyanyi-nyanyi kaya liyane amarga
ndak cepet kesel.
Sawise
tekan ana ing Kebun Raya bogor, murin-murid banjur pada mudun seko bis lan pada
mlaku-mlaku ana ing kono. Murid-murid pada seneng lan bungah amarga isoh piknik
bareng-bareng.
Kanca-kanca
pada kaget lan ngelus-ngelus dada. “oalah, mesaake tenan nasibmu Yun...”unine
bocah-bocah karo ndeloake Yuyun sing mesaake, lan bocah-bocah dadi ngrasa
sengit karo Jono.
Nanging
yen Jodoh arep kepiye meneh?
Bengi
sawise mulih study tour ana ing kebun Raya Bogor, Jono melu-melu Andi nginep
ana ing omahe Doni. Sewengi, Joni sibuk ngerumpi nganti lambene kiwir-kiwir,
nyritaake soal deweke sukses nyeraki Yuyun. Andi lan Doni wes padha jeleh
ngrungoake ceritane Joni.
“yuyun
wanita kang kaya es batu kuwi mau isoh tak lelehke atine. Coba ket saiki, apa
ana bocah lanang kang isoh omongan karo Yuyun lan isoh akrab karo Yuyun? Ora
ono sing isoh lungguh cah loro karo deweke? Ana po?” unine Jono kanthi yakin
tenan.
“nggoleki
apa, Jon?” pitakone Andi
Jono
ora nggagas lan Andi dinengke wae.
“Nah,
iki klambi kang tak nggo dina iki, aku ora bakalan ngumbah klambi iki ketok
seminggu. Bakalan tak nggo terus, kanggo ngelingake aku karo Yuyun ana ing
Kebun Raya Bogor. Lan, aja gumun yeng malem minggu sesok, aku isoh ngajak Yuyun
nyawang film ana ing Bioskop.” Unine Jono
Lan
wanci kang pada, Yuyun karo kanca-kancane pada asyik ngerumpi ana ing kamare
Yuyun. Kabeh kang ana neng kamare yuyun pada cekikikan kaya kuntilanak.
“pokok.e,
kowe-kowe pada aja khawatir. Aku isih Yunita sek mbiyen. Keapikanku kanggo Jono
mau awan, ya... itung-itung di enggo amal. Nulungi wong susah ra ono salahe,”
unine Yuyun karo cekikikan.
“kanca-kancane
namung ngangguk-angguk setuju. Esuke, Yuyun karo kanca-kancane pada sibuk
ngubengi api unggun. Klambi kang di enggo Yuyun wingi awan karo Jono diobong.
Kanggo peringatan dina paling sial ana ing uripe Yuyun.
Oalah,
yen Jono reti kabeh kuwi, mesaake tenan......




