Senin, 20 Mei 2013

contoh cerkak bahasa jawa

contoh cerkak bahasa jawa 

Karya : Fika Nur Azizah


DINA PALING SIAL ING URIPE YUYUN
            Jono tresna karo kanca ana ing sekolahanne. Ora gumun yen Jono isoh tresna karo sopo wae. Yen umpama wedhus dipupuri lan didandani, isoh-isoh wedhuse kuwi mau di tresnani karo Jono.
            Nanging saiki, katane Jono tresna tenan karo koncone ana ing sekolahanne kuwi mau. Ora mung gawe-gawe utawa dienggo dolanan kaya ndisi-ndisike. Tresnane kuwi mau uwis kekubur suwe ana ing jero atine. Seko pisanan deweke mlebu ana ing SMA Merah Putih. Lan wanita sing ketiban sial utawi malapetaka ingkang ditresnani karo Jono udu sak liyane yaiku Yuyun, konco sakelasse Andi.
            Yuyun. Saktenane jeneng asline yaiku Yunita, nanging konco-koncone ket mbiyen nyeluk dewekke Yuyun. Yuyun nduweni ciri-ciri yaiku rupane kulite kaya kunyit, kuning-kuning rada coklat. Lan Yuyun kuwi mau nduweni kebiasaan utawi kesenengan yaiku nganggo mojah sing dienggo dolanan bal-balan. Nek disawang-sawang kuwi pancen lucu, nanging Jono uwis tresna banget karo Yuyun.
            “kayane wes ana tanda-tanda iki ndi.” Unine Jono karo Andi kanthi semangat banget.
            “Tanda-tanda apa Jon? Tanda-tanda kowe bakalan ditolak karo Yuyun po?”
            Jono mecucu nganti kaya iwak cucut lantaran mangkel karo Andi. Andi namung ndelik-ndelikake guyune karo etok-etok nyruput teh anget. Murid-murid liyane pada mlaku ana ing kantin, senajan saiki wes wancine istirahat.
            “piye ya ndi, carane nyeraki sakteruse? Sajanan angel tenan, nek arep kerep-kerep mampir dolan ana neng omahe, aku yo ra kepenak karo keluargane Yuyun. Mung rewange wae sek kayane setuju karo aku.”
            “Ya uwis nek mengkono, kowe yang-yangan karo rewange Yuyun wae Jon?” wangsulane Andi karo guyu
            Jono kaya mau meneh, mecucu nganti kaya iwak cucut.
            “ealah, mbokyo serius Ndi nek ditakoni ki. Aku ki butuh saran seko kowe, piye carane supaya bisa yang-yangan nanging ora ngetokke duwit akeh? Soale dina-dina iki duwitku lagi cekak.”
            “di jak mlaku-mlaku ana ing museum wae Jon. Murah lan sepi.”
            Jono mangkel nganti koyo neng sirahe eneng banyu kang wes umep. Jono metu ana ing kantin. Kuwi kebiasaane Jono yen lagi mangkel utawa nesu. Andi lan Doni mung cekikikan karo ndamoni soto sing panas. Jono sing rupane mangkel mau, etok-etok cuek.
            Sawise guyu cekikikan, Doni ngeleh lan banjur pesen tahu goreng karo sega setengah. Seng dimaksud yaiku setengah bakul. Sanajan maem.me Doni akeh. Ana ing cerak lodong krupuk, sakgerombolan murid-murid pada kemruyuk. Kayane ing tembok kuwi mau ana pengumuman kang anyar. Doni lan Andi banjur melu mlebu ana ing kruyuk-kruyukan sing mambu kringete werna-werna seko murid-murid kuwi mau.
            Pengumuman kang anyar kuwi mau jebulna rencana murid-murid arep study tour ana ing Kebun Raya Bogor.
            Kesempatan emas kuwi mau jelas ora disia-siake karo Jono. Sanajan kelas Yuyun ya melu. Kang ana ing dalan, aksine gerak ing cepet-cepet arehp nyeraki yuyun. Syukur-syukur isoh sak kursi karo Yuyun.
            Dina iku wes ketok, yaiku dina murid-murid SMA Merah Putih menyang Study tour ana ing Kebun Raya Bogor. Jono dandan sak apik-apike. Rambute diwenehi lenga supaya menceling, jenggote dicukur, lan ora lali jungkat abang ana ing sak kathok mburi dienggo jaga-jaga umpana ana angin nakal sek ngerusak rambute. Malahan ana ing ngomah, Jono nekat nganggo lenga klentik sek dienggo goreng, amarga nggoleki lenga khusus dienggo rambut ara ketemu-ketemu.
            Andi lan Doni ora keri, malahan uwis tenguk ana ing kursi bis ngarep dewe supaya weruh pemandangan ana ing dalan. Murid-murid pancen seneng banget yen ana acara piknik. Andi karo Doni namung meneng wae, ora nyanyi-nyanyi kaya liyane amarga ndak cepet kesel.
            Sawise tekan ana ing Kebun Raya bogor, murin-murid banjur pada mudun seko bis lan pada mlaku-mlaku ana ing kono. Murid-murid pada seneng lan bungah amarga isoh piknik bareng-bareng.
            Kanca-kanca pada kaget lan ngelus-ngelus dada. “oalah, mesaake tenan nasibmu Yun...”unine bocah-bocah karo ndeloake Yuyun sing mesaake, lan bocah-bocah dadi ngrasa sengit karo Jono.
            Nanging yen Jodoh arep kepiye meneh?
            Bengi sawise mulih study tour ana ing kebun Raya Bogor, Jono melu-melu Andi nginep ana ing omahe Doni. Sewengi, Joni sibuk ngerumpi nganti lambene kiwir-kiwir, nyritaake soal deweke sukses nyeraki Yuyun. Andi lan Doni wes padha jeleh ngrungoake ceritane Joni.
            “yuyun wanita kang kaya es batu kuwi mau isoh tak lelehke atine. Coba ket saiki, apa ana bocah lanang kang isoh omongan karo Yuyun lan isoh akrab karo Yuyun? Ora ono sing isoh lungguh cah loro karo deweke? Ana po?” unine Jono kanthi yakin tenan.
            “nggoleki apa, Jon?” pitakone Andi
            Jono ora nggagas lan Andi dinengke wae.
            “Nah, iki klambi kang tak nggo dina iki, aku ora bakalan ngumbah klambi iki ketok seminggu. Bakalan tak nggo terus, kanggo ngelingake aku karo Yuyun ana ing Kebun Raya Bogor. Lan, aja gumun yeng malem minggu sesok, aku isoh ngajak Yuyun nyawang film ana ing Bioskop.” Unine Jono
            Lan wanci kang pada, Yuyun karo kanca-kancane pada asyik ngerumpi ana ing kamare Yuyun. Kabeh kang ana neng kamare yuyun pada cekikikan kaya kuntilanak.
            “pokok.e, kowe-kowe pada aja khawatir. Aku isih Yunita sek mbiyen. Keapikanku kanggo Jono mau awan, ya... itung-itung di enggo amal. Nulungi wong susah ra ono salahe,” unine Yuyun karo cekikikan.
            “kanca-kancane namung ngangguk-angguk setuju. Esuke, Yuyun karo kanca-kancane pada sibuk ngubengi api unggun. Klambi kang di enggo Yuyun wingi awan karo Jono diobong. Kanggo peringatan dina paling sial ana ing uripe Yuyun.
            Oalah, yen Jono reti kabeh kuwi, mesaake tenan......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar